Langsung ke konten utama

Rangkuman cerita rakyat Nyi Roro Kidul dalam bahasa Jawa


Judul Buku : Nyi Roro Kidul
Pengarang :
Penerbit      : PT. Karunia Jaya Surabaya
Tahun terbit :
Tempat penerbitan :
Rangkuman :

Ana sawijining wektu nalikane Kerajaan Pajajaran kanti Raja Prabu Siliwangi anduweni cerita kang mbungahake marang sekabehe wae kang pada sinau bab sejarah Prabu Siliwangi. Raja ana ing tlatah Pajajaran iku ora mung nduweni permaisuri ananging ugo nduweni selir kanti cacah 7 wanita kang ayu.

Singkat cerita Prabu Siliwangi anduweni keturunan saka permaisuri kang awujud bocah wadon kanthi jeneng Putri Lara Kadita kang tegese wong wadon kang ayu.  
Sawise Putri Kadita nambah umur lan katon bocah wadon kang ayu soho welas asih marang sepodho-podho banjur para selir ngroso iri lan wedhi yen piyambake pada kasisihna saka welasane Prabu Siliwangi. Para selir kang cacah pitu mau pada rerembugan kanggo anggawe ciloko permaisuri lan putrine yoiku Putri Lara Kadita.

Putri Lara Kadita lan ibune digawe santet saka para permaisuri Prabu Siliwangi kanthi wujud loro kulit ana ing sekabeh awak lan rai. Ana ing pengaruh sihir para selir ugo Prabu Siliwangi akhire ngusir Putri Lara Kadita lan Ibune saka keraton Kerajaan Pajajaran mergo kuwatir yen penyakit Lara Kadita lan Ibune dadi nyebar lan nular ana ing tlatah keraton.

Ana ing kahanan iki, Putri Lara Kadita lan ibu tindak tanpa ana tujuan kang jelas. Diceritakake permaisuri tilar donya ana ing pengembaraan, sawentara Putri Lara Kadita nglanjutake lakune menyang sisih kidul nganti teka menyang gunung ing pinggir segoro. Amarga kesel banget, Putri Lara Kadita ngaso lan keuron ana ing gunung pinggiran segoro.

Wektu tilem piyambakipun ngimpi ketemu karo "Wong suci" sing maringi pitutur supaya putri ngresiki awake dening nyemplung menyang segara kanggo njaluk marasake awake saka penyakit, ugo mulihake rupa ayune, saha kanggo nduweni kekuatan ampuh kanggo males wong kang anggawa uripe dheweke sengsara kaya mengkono.

Nalika tangi, tanpa mangu Putri Lara Kadita Langsung ambyur menyang tengah segoro kanti ombak kang gedhe, lan nglelebke nganti dhasar saka Segoro Kidul. Ngimpi dadi kasunyatan. Saliyane mbalek maneh fisik ayune, Putri Lara Kadita uga diwenehi kakuwasan adikodrati lan pati. Nanging, putri kudu tetep mbaureksa ana Segoro Kidul. Wiwit iku banjur diarani minangka Nyi Roro Kidul dumugi nganti tumeka saiki.


Pepeling : Pinter -  pintera nyetir hawa nepsu. Hawa nepsu ora ana watese lan hawa nepsu iki kerep agawe wong terjun ing lebak kasangsaraan

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Rangkuman cerita rakyat Roro Jonggrang dalam Bahasa Jawa

Judul Buku : Roro Jonggrang  Pengarang : Penerbit      : PT. Karunia Jaya Surabaya  Tahun terbit :  Tempat penerbitan : Rangkuman : Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka. Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan. Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang. "Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate." "Apa iku syarate?" Jare Ban...
Judul buku : Asal usul kota Banyuwangi  Pengarang :  Penerbit : PT. Karunia Jaya Surabaya  Tahun terbit : Tempat penerbitan : Rangkuman : Ing jaman riyen wontepn tlatah Jawa Timur gesang Raja lan Permaisuri ingkang sami-sami tresna. Kados pundikemawon permaisuri menika ugi anggadahi paras engkang ayu lan gemati dening keluargi. Gejaba menika piyambake ugi setiya sanget dening garwanipun. Wonten sawijining dinten, Raja nduwe pangangkah kesah datheng ngalas konjuk berburu menjangan utawi sangsam. Raja banjur bidhal kanti rencangi para pengawale.  Saksampune dangu wonten ngalas, Raja banjur kondur datheng kraton. Permaisuri bungah sanget nalika ningali Raja kondur.  ilustrasi-cerita-legenda-bahasa-jawa-banyuwangi Ilustrasi Cerita Bahasa Jawa Banyuwangi Permaisuri caos pirsa dateng Raja menawi sakjroning Raja kesah wonten tami saking keraton sanes. Nanging nalikaning Raja badhe memoni tamu punika, dumadakan Raja mireng menawi tamu keseba...