Langsung ke konten utama

Rangkuman cerita rakyat Roro Jonggrang dalam Bahasa Jawa


Judul Buku : Roro Jonggrang 
Pengarang :
Penerbit      : PT. Karunia Jaya Surabaya 
Tahun terbit : 
Tempat penerbitan :
Rangkuman :

Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka.

Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.

Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.

"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.

Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."

"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.

"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.

 Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.

 Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.

 Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.

Pepeling : Yen mboten wonten perasaan marang wong liya, mboten usah maringi pengharapan marang wong liya, amarga mengko awake dewe sing nyesel.
a

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Rangkuman cerita rakyat Nyi Roro Kidul dalam bahasa Jawa

Judul Buku : Nyi Roro Kidul Pengarang : Penerbit      : PT. Karunia Jaya Surabaya Tahun terbit : Tempat penerbitan : Rangkuman : Ana sawijining wektu nalikane Kerajaan Pajajaran kanti Raja Prabu Siliwangi anduweni cerita kang mbungahake marang sekabehe wae kang pada sinau bab sejarah Prabu Siliwangi. Raja ana ing tlatah Pajajaran iku ora mung nduweni permaisuri ananging ugo nduweni selir kanti cacah 7 wanita kang ayu. Singkat cerita Prabu Siliwangi anduweni keturunan saka permaisuri kang awujud bocah wadon kanthi jeneng Putri Lara Kadita kang tegese wong wadon kang ayu.   Sawise Putri Kadita nambah umur lan katon bocah wadon kang ayu soho welas asih marang sepodho-podho banjur para selir ngroso iri lan wedhi yen piyambake pada kasisihna saka welasane Prabu Siliwangi. Para selir kang cacah pitu mau pada rerembugan kanggo anggawe ciloko permaisuri lan putrine yoiku Putri Lara Kadita. Putri Lara Kadita lan ibune digawe santet saka para ...
Judul buku : Asal usul kota Banyuwangi  Pengarang :  Penerbit : PT. Karunia Jaya Surabaya  Tahun terbit : Tempat penerbitan : Rangkuman : Ing jaman riyen wontepn tlatah Jawa Timur gesang Raja lan Permaisuri ingkang sami-sami tresna. Kados pundikemawon permaisuri menika ugi anggadahi paras engkang ayu lan gemati dening keluargi. Gejaba menika piyambake ugi setiya sanget dening garwanipun. Wonten sawijining dinten, Raja nduwe pangangkah kesah datheng ngalas konjuk berburu menjangan utawi sangsam. Raja banjur bidhal kanti rencangi para pengawale.  Saksampune dangu wonten ngalas, Raja banjur kondur datheng kraton. Permaisuri bungah sanget nalika ningali Raja kondur.  ilustrasi-cerita-legenda-bahasa-jawa-banyuwangi Ilustrasi Cerita Bahasa Jawa Banyuwangi Permaisuri caos pirsa dateng Raja menawi sakjroning Raja kesah wonten tami saking keraton sanes. Nanging nalikaning Raja badhe memoni tamu punika, dumadakan Raja mireng menawi tamu keseba...